TETULUNG
Sawijining dina Bagas lan Banu muleh sekolah mlaku
bareng amarga ora kaya biasane, Bagas sing mendinane dipethuk nganggo mobil ac
dina iki ora dipethuk. Dadi Bagas kepeksa mlaku bareng Banu sing iseh kanca
sedesane. Saben dalan bocah loro kuwi padha menengan. Bagas asyik dolanan hpne
lan Banu mung nyawang-nyawang sawah ing pinggir dalan. Amarga anggone mlaku ora
ngematke dalan Bagas kepleset kulit gedhang banjur keplorot ing sawah. “Aduh… tulung… tulung…” bengoke Bagas.
Banu sing wis mlaku ndisek langsung mandeg, nilike mburine kok ora ana uwong.
”
Welah, Bagas mau nandi padal wonge mau mlaku nang mburiku, ngerti-ngerti sing
njaluk tulung mau si Bagas.”
Banu bingung banjur mlayu nyedhaki swara wong
njaluk tulung mau. “ Tulung.. tulung… tulungi aku Nu.” “ Yo.. Gas aku gi arep nulungi kowe.” Sawise
ngerti yen Bagas tibo ing sawah, Banu langsung copot sepatu lan tas e. Banjur
medhun nulungi Bagas. “Ayo gocekan tanganku, Gas!” Bagas langsung nggoceki tangan e Banu lan
langsung ditarik munggah ing dalan. “Nuwun, ya Nu wis nulungi aku.” “ Yo.” “ Tapi klambiku reged gupak lendot, piye
yo, Nu ben isoh resik meneh mergane aku wedi yen klambiku reged isoh diseneni
ayahku." Banu langsung ngejak Bagas medhun nang kali. “ Bagas kowe ngenteni nang dhuwur watu gedhe
kuwi saiki copot klambimu arep tak
kumbah ben isoh resik meneh” “ Hah, mosok dikumbah nang kali malah
soyo reged tow, Nu.” “ Yo, ora iki mung nggo ngilangi lendot
ben ora garing.” Sawise rampung ngumbahi, Bagas pengin
selak mulih nanging klambine durung garing. Banu banjur njilihke klambine ben
dinggo Bagas. “ Iki tak jilihi klambiku Gas.” “ Ih.. wegah keringatmu mambu engko ndak
ketularan penyakit, hiiii.” “ Yo, uwis nek ngono kowe mengko malah
diseneni ayahmu, lho.” Bagas banjur mikir-mikir. “ Yo wis
lah, aku nyilih klambimu.” Bocah loro kuwi banjur ijolan klambi lan
langsung mulih nang ngomahe dhewe-dhewe. Minggu
esok Bagas teko nang ngomahe Banu saperlu mbalekake klambine Banu. Sadurunge
uluk salam, Bagas krungu yen Banu lan ibune lagi rembugan piye carane nyaur
tunggakan sekolahane Banu kang wis nunggak 1 tahun ket seko kelas 2 SMP. Bagas
kepingin mbales budine Banu kanggo cara mbayari lunas tunggakane Banu. Banjur
Banu uluk salam. “ Assalamualaikum…
Banu.” “ Waalaikumsallam.” Jawabe Banu. “ Nu, iki aku arep mbalekke klambimu,
nuwun ya.” “
Yo, kene dolan ndene koe durung tau dolan karo aku to, Gas.” “ Ora, Nu aku arep lungo karo ayahku je.” “
O, yo wis.”
Bagas
langsung rembugan karo ayahe. Ayahe gelem mbiyantu Banu. Senin esok Bagas
langsung nang kantor saperlu mbayar tunggakane Banu. Wektu pelajaran Basa Jawa
Banu dicelukke gurune. “
Banu kowe ora sah mumet mikirke mbayar tunggakan sekolahmu saiki wis lunas”
kandhane gurune. Banu bingung sopo sing mbayar yen ibu ora mungkin mergane
ibuku wis matur yen ora duwe dhuwit. “ Sinten, Bu sing sampun mbayari?” pitakon
Banu “ Wingi wong sing wis tau tok tulungi nang
sawah.” Banu mbatin iki mesti gaweane Bagas.
Wektu
istirahat Banu nemoni Bagas. “ Bagas, nuwun banget, ya wis mbiyantu
mbayari sekolahku.” “Padha-padha Nu aku ya nuwun wis ditulungi nang sawah kae nek ora aku mati
dipangan kodok.” “ Ha, kowe nglindur Gas? Mosok kodok doyan
dagingmu.” “ Ha… haa..haa…” bocah loro kuwi podho
geguyon lan soyo akrab.
Saiki
Banu lan Bagas dadi sahabat sing paling kompak lan seneng tetulung marang kabeh
uwong. Lan sadar yen tetulung kanthi ikhlas iku mesti bakalan dibales apik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar